Sunday, 20 May 2018

SASANTI KARAHAYON


SASANTI KARAHAYON

(Puji Santosa, Bakasi)

1. Bebuka
Karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan mugi tetep kasalira ing panjenengan sadaya para warganing Paguyuban Ngesthi Tunggal, awit saking sih, tuntunan, pepadhang, saha pangayomanipun Sang Guru Sejati.
Bapak, ibu, saha sadaya warga Paguyuban Ngesthi Tunggal, siswanipun Sang Guru Sejati ingkang tuhu kinurmatan. Sasanti karahayon ingkang sampun kanaturaken dening pangarsa bawa raos ing dalu punika, Bapa Kinan Sunanto, punaka bapak ibu sadaya sampun mangertos teges saha suraosipun? Manawi sampun dipunmangertosi, lha inggih syukur jumurung mangayubagya, ndherek bingah. Sampun mangertos saha sampun paham punika dados pratandha bilih para warga Pangestu ing Kediri sapunika sampun leres panyiswanipun, sampun tuhu-tuhu panyiswanipun dhumateng Sang Guru Sejati, sampun minggah derajat tataran panyiswanipun, boten namung kandheg wonten ing derajatipun calon siswa, nanging inggih sampun mindhak ngancik derajating siswa. Pramila, bapak ibu sadaya, kula ndherek bingah, mangayubagya.
Dene manawi bapak ibu sadaya dereng pana, dereng mangertosi teges saha suraosipun sasanti kalawau, punika inggih dados pratandha bilih kita sadaya taksih wonten tataran derajating calon siswa, malah-malah wonten ingkang mastani bilih kita sadaya taksih wonten derajating calone calon siswa, taksih cubluk, inggih wonten ing tataran paling ngandhap piyambak. Taksih kadunungan sipatipun manungsa ingkang asring lali, kesupen dhateng prajanjian agung, inggih Paugeraning Pangeran Dhumateng Kawula. Dene punapa jalaranipun? Inggih awit saking Roh Suci ngrasuk busana sekawan anasir, inggih awit saking kadayan dening kahanan donya ingkang sarwa mblerengi, lajeng kenging godha rencananipun para cidra, inggih jagat dados peteng lelimengan, tebih saking pepadhang, kita punika kados dene belo, plonga-plongo. Welha..., kahanan ingkang makaten kalawau mbebayani sanget.
        Ing wekdal pepanggihan dalu punika, tema bawa raos badhe kula aturaken bab Sasanti Karahayon ingkang kalawau sampun kawaosaken dening Bapa Kinan Sunanto ing Pambuka Bawa Raos punika. Bab Sasanti Karahyon punika kula wastani dados bakunipun gegayuhan sadaya para warganing Pangestu. Awit ing saben-saben wonten pasamuwan bawa raos, ing Pambuka Bawa Raos kawaosaken Sasanti Karahayon langkung rumiyin, lajeng Paugeraning Pangeran Dhumateng Kawula, Pathining Panembah Kangge Karahayoning Umat, saha Pangesthi Angka Satunggal. Pramila saking punika sadaya warga Pangestu kedah mangertosi kanthi terang trawaca, jelas, padhang jingglang, teges saha suraosipun Sasanti Karahayon punika. Panyuwun kula, sasampunipun teges saha suraos sasanti kalawau dipunmangertosi, lajeng kaesthia ing salebeting manah, saha katindakaken kanthi satiti, taberi, ngati-ati, supados saget rancak lampahipun panyiswan kita dhumateng Sang Guru Sejati, ngantos dumugi ing sangkan paranipun gesang, inggih ing Ngayunanipun Pangeran Sejati, inggih ing Taman Kamulyan Langgeng.



2. Sasanti
Sasanti punika tembung ingkang mratelakaken panggayuh ingkang isinipun pangesthi utawi panyuwunan. Panggayuh punika tegesipun patrap utawi cara anggenipun nggayuh, menapa-menapa ingkang dipungayuh, dipunpepingini utawi dipunpikajengaken. Dene punapa ingkang kita gayuh, punapa ingkang kita suwun, punapa ingkang kita pangesthiaken dhumateng Sang Guru Sejati ing sasanti kalawau? Inggih punika bab karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan. Panyuwunan tiga prakawis (karahayon, katentreman, kabahagiaan) dhumateng Sang Guru Sejati ing sasanti kalawau punika kangge sinten? Ing ngajeng sampun kaaturaken bilih sasanti kalawau inggih namung kangge “panjenengan sadaya para warganing Paguyuban Ngesti Tunggal”. Ingkang dereng dados warganing Paguyuban Ngesti Tunggal, ing pasamuwan bawa raos dalu punika, inggih nuwun sewu lho, panggayuh tiga prakawis kasebat dereng saged dipunsuwunaken dhumateng Sang Guru Sejati.
Punapa inggih saged menawi karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan punika tanpa kita gayuh, tanpa kita suwun, tanpa kita pengesthiaken dhumateng Sang Guru Sejati, saha tanpa kita budidayaaken, lajeng ujug-ujug (dumadakan) saged kalampahan? Namung tenguk-tenguk thok, utawi leyeh-leyeh kemawon, lha kok lajeng saged manggih gegayuhan luhur bab karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan, lajeng saking pundhi marginipun. Amargi sadaya gegayuhan utawi pangajeng-ajeng punika sagedipun kalampahan manawi wonten usaha, wonten ikhtiar, wonten pambudi daya, wonten reka daya, saha inggih wonten sih idi palilahipun Sang Guru Sejati.
Karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan punika gegayuhan ingkang sanyata luhur sanget. Sinten kemawon manungsa ing alam donya punika gadhah gegayuhan luhur supados saged gesang rahayu, tentrem, saha bahagia, lahir batin, saking pondhok donya dumugi ing delahan, inggih punika dumugi ing desa akhirat, kadhatonipun Pangeran Sejati, inggih ing Taman Kamulyan Langgeng. Namung kemawon, kathah para sanak kadang mitra, tuwin warga ingkang kandheg wonten gegayuhan, inggih kandheg wonten pepinginan kemawon.
Pramila saking punika, Juru Mengeti, Bapa Tumenggung Hardjoprakoso tuwin Pakdhe Trihardono Soemodihardjo, paring pepemut ing Bebuka Hastha Sila, makaten: “Ngelmu punika sagetipun dados kawruh kanyataan, kedah kanthi laku, ngelmu ingkang tanpa laku, badhe boten saget nekseni kanyataanipun (kandheg wonten ing gagasan), rumaosipun sampun saged, garanipun namung apil dhateng apalaning piwulang, nanging sejatosipun dereng paja-paja.” (Sasangka Jati, Hastha Sila, 2005:3). Pramila, sadaya gegayuhan ingkang tuhu luhur punika kedah dipunlampahi kanthi ajeg saha telaten (tumindhak kanthi ngati-ati, sabar, setiti, taberi), ngantos kacandhak punapa ingkang dados gegayuhanipun.
Bapak Pangrasa ing Bawa Raos Ing Salebeting Raos (1998: 24) paring dhawuh dhateng Prabawa makaten: “Mulane Prabawa, piwelingku marang kowe, yen kowe darbe gegayuhan apa bae aja wedi bab angeling laku kang minangka sarat utawa tebusaning gegayuhan, amarga yen kowe mung wani ing gampang lan wedi ing ewuh (angel), kowe ora bakal kasembadan apa kang kok gayuh.
          Wong tani bisane panen pari sawise adus kringet, anggaru-mluku sawahe, nyebar wiji, sabanjure kaupakara murih slameting wiji kang sinebar, ora nggresah lan susah kodanan lan kapanasan; kanthi sabar ngenteni tuwane pari, babaring pangurbanan, panen pari kang manfangati.” Dados, manungsa ingkang nggayuh karahayon, katentreman, saha kabahagiaan punika inggih wonten lampahipun, inggih kedah wantun dhateng angelipun laku, inggih wonten pangorbananipun.


3. Panggayuh Karahayon
Karahayon punika mengku teges saha suraos ingkang jembar sanget tebanipun, ingkang nyakupi bab slamet, rahayu, begja, widodo nir ing sambekala, luput saking bebaya (kacilakan, musibah) utawi kangsangsaran, saking pondhok donya dumugi ing desa akhirat, saha nalikanipun taksih gesang ing donya kacekapan kabetahanipun sandang, papan, tuwin pangan. Manawi panyuwunan tataran angka sepindah karahayon punika sampun kacandhak, sampun dipunsalira ing panjenengan sadaya, lajeng nuwuhaken raos tentrem saha winengku ing raos suka bahagia. Dene raos suka bahagia utawi kabahagiaan punika ing Pangesthi Angka 2 saha Pathining Panembah Kangge Karahayoning Umat dipungantos dados “kamulyan langgeng”. Dados, kabahagiaan punika sami kaliyan kamulyan langgeng.          Sinten baya ingkang kagungan utawi ingkang ngasta sagung karahayon punika? Inggih amung Suksma Kawekas piyambak ingkang kagungan utawi ingkang ngasta sagung karahayon. Pratelan bab punika saget kita buktekaken ing pamujinining Panembahing Kawula dhateng Roh Suci kados makaten: “Dhuh Suksma Kawekas, inggih amung Tuan ingkang ngasta sagung karahayon, kawula nyuwun supados Tuwan ayomi, kawula nyuwun supados Tuwan paring panggesangan, ingkang dados kekiyatanipun gesang kawula, saha kawula nyuwun mugi katebihna saking panggodha rencananing para iblis, kawula nyuwun supados kawula Tuwan sucekaken, kados dene kasucian Tuwan” (Sasangka Jati, Bab Panembah, 2005:193). Inggih namung kemawon, kedhah dipunsadari bilih sadaya panguwaos, inggih panguwaosipun Suksma Kawekas punika sampun kaasta dening Suksma Sejati.
Karahayon ingkang kita suwun dhumateng Suksma Kawekas, boten saget langsung, tetep lumantar Utusanipun ingkang langgeng, inggih lumantar Suksma Sejati. Bab punika ngengeti sabdanipun Sang Guru Sejati ing bab Eling kados makaten: “Kawula ora bisa sumiwi dhewe ana ngayunaning Pangeran, manawa ora antuk pitulungane Sang Guru Sejati kang paring tuntunan, pepindhane kaya dene lawa kang mabur ana ing wayah awan, kang banjur mati sabab kebloloken dening sunaring srengenge.” (Sasangka Jati, Bab Eling, 2005:6). Utawi monggo kita raosaken isi pokok paugeran bagian pungkasan: “Sadaya panguwasa, ingggih panguwasanipun Suksma Kawekas, punika kaasta dening Suksma Sejati, dene kawula wonten panguwasa­nipun Suksma Sejati.” (Sasangka Jati, Bab Paugeraning Pangeran marang Kawula, 2005:101). Ugi saget kita raosaken saking bab pujianing Panembahing Kawula Marang Roh Suci makaten: “Dhuh Suksma Sejati, kawula wonten ing panguwasa Paduka, dene Paduka wonten panguwasanipun Pangeran Sejati.” (Sasangka Jati, Bab Panembah, 2005:193). 
Sejatosipun panyuwunan karahayon punika boten namung kangge panjenengan sadaya para warganipun Paguyuban Ngesti Tunggal, inggih saged ugi kangge:
1)    Dhiri pribadi, supados katuntun ing margi leres, inggih margi utami (Pangesthi Angka 2: “Dhuh, Suksma Sejati, Panuntun saha Guru kawula ingkang sejati, kawula nyuwun, mugi katuntuna kawula lumampah ing margi leres, inggih margi utami, ingkang anjog ing karahayon, katentreman, tuwin kamulyan langgeng, inggih ing ngayunaning Pangeran Sejati. Satuhu.”).
2)    Dhiri pribadi sakukuban, supados kuwawi nampi pangadilanipun Pangeran (Pangesthi Angka 3: “Dhuh, Guruning Jagat, kawula nyuwun lumunturing sih Paduka, mugi kaparenga Puduka matedhakaken sih nugrahaning Pangeran dhumateng kawula, supados kawula saged nampi kababaring karsa, inggih karsaning Pangeran, ingkang kawasa adamel katentreman tuwin kamulyaning gesang kawula sakukuban. Satuhu.”)
3)    Kulawarga (Pangesthi Karahayoning Kulawarga: “Dhuh, Pangeran, kawula sumiwi ing ngayunan Tuwan, kawula nyuwun pangayoman Tuwan, kawula nyuwun, mugi karahayon Tuwan tetep angayomana dhumateng kawula sakukuban, supados kawula sakukuban saged sumingkir saking panggodha rencananing para iblis tuwin panindakipun para angkara ing budi, saha pangganggu damelipun para durjana dursila juti. Satuhu.”)
4)    Nusa, Bangsa, Nagari Republik Indonesia (Pangesthi Karaharjaning Nagari: “Dhuh, Pangeran, kawula nyuwun, mugi kaparenga Tuwan paring pepadhang tuwin tuntunan dhumateng bangsa kawula, supados bangsa kawula sami lumampah ing margi leres, inggih margi utami, ingkang anjog ing karahayon, katentreman, tuwin kamulyan langgeng.
Dhuh, Pangeran, kawula nyuwun, mugi kaparenga Tuwan paring berkah saha paring pangayoman dhumateng nagari kita Republik Indonesia, supados nagari kita tumantena tata tantrem, gemah ripah, kerta raharja, dadosa nagari ingkang santosa, jaya, tuwin kuncara ing bawana.
Dhuh, Pangeran, kawula nyuwun, mugi kaparenga Tuwan paring pepadhang tuwin tuntunan dhumateng para pangagenging nagari, supados sami saged nindakaken darma baktinipun dhumateng nagari awit saking soroting kawicaksanan Tuwan, ingkang anjalari raharjaning nusa, bangsa, tuwin nagari kita Republik Indonesia.”)
5)    Sadaya umat (Pathining Panembah Kangge Karahayoning Umat: “Dhuh, Suksma Sejati, Panuntun saha Guru kawula ingkang sejati, inggih Guruning Jagat, kawula nyuwun, mugi katuntuna sadaya umat lumampah ing margi leres, inggih margi utami, ingkang anjog ing karahayon, katentreman, tuwin kamulyan langgeng, inggih ing ngayunaning Pangeran Sejati. Hu Allah, Hu Allah, Hu Allah, … Satuhu.”)
         Karahayon ingkang dipunpikajengaken ing Pathining Panembah Kangge Karahayoning Umat punika boten namung ateges “sadaya umat katuntun dening Suksma Sejati lumampah ing margi leres, inggih margi utami, ingkang anjog ing karahayon, katentreman, tuwin kamulyan langgeng, inggih ing ngayunaning Pangeran Sejati”, ugi nggadhahi suraos ingkang jembar tebanipun, bilih “sadaya umat sampun kaentas dening Suksma Kawekas, inggih Allah, inggih Pangeran Sejati, saking jejember dhumateng kasucian, saking pepeteng dhumateng pepadhang sejati, saking margi sasar dhumateng margi leres, saha saking papa dhumateng kamulyan langgeng.” Kanthi makaten karahayon punika anggadhahi teges saha suraos ing jembar sanget tebanipun.


4. Panggayuh Katentreman
Katentreman punika mengku suraos kahanan ingkang boten nggadhahi raos was suwelang, boten nggadhahi raos ajrih, boten wonten karusuhan tindak durjana, saha boten wonten bebaya (kacilakan, musibah). Wontenipun namung kahanan ingkang sarwa ayem, jinem, lerem, marem, saha nengsemaken. Dene sarat ingkang kaping sepindah manungsa saged nggadhahi raos tentrem manawi kabetahan lahir saha batin dipuncekapi. Sarat ingkang kaping sepindah punika saged urung (batal) manawi sarat ingkang kaping kalih boten dipuncekapi, inggih punika narima ing pandum, inggih raos sokur dhumateng Sang Guru Sejati.
Sang Guru Sejati paring sabda ing bab Narima kados makaten: “Narima iku akeh lerege marang tentreming ati, dadi dudu wong kang lumuh ing gawe, nanging kang narima ing sapandum. Apa kang wus cinekel aneng tangane, digarap kanthi senenging ati, ora murka lan ora ngangsa-angsa. Narima iku ora mengini darbeking liyan, sarta ora meri marang kabegjane liyan, mulane wong kang narima iku kena den arani wong kang sokur ing Pangeran. Panarima iku sawijining bandha kang ora bisa entek, mulane sing sapa golek sugih upayanen aneng jroning panarima. Wong kang narima iku begja ing sajroning uripe, amarga dheweke menang karo owah gingsiring kahanan. Sumurupa manawa kauripan ing donya iku sawijining cakra panggilinganing mangsa kang owah gingsir, yen sira narima kalawan apa kang wus pinaringake dening Pangeran marang sira, sira bakal dadi sugih-sugihing wong aneng antarane para manungsa. Yen pepenginanira ora bisa kasembadan, narimaa kalawan apa kang wus sira darbeni, amarga sanadyan kabeh mau ora bisa kacandhak, nanging saperangan rak iya wis sira cekel utawa sira darbeni. Mung panarima kang bisa nuntun marang padhanging atinira, amarga panarima iku isi ayem lan tentreming ati, mula sira bakal ora krasa marang kombak-kombuling lelakon kang sira sandhang, dene kang sira perlokake, mung angestokake dhawuhe Sang Guru Sejati, kaya kang wus kasebut aneng sesanggeman gedhe Tri Sila kang angka telu, yaiku mituhu.” (Sasangka Jati, Narima, 2005:9—10).
Manungsa dereng saged narima manawi dereng temen, lan manungsa dereng saged temen manawi dereng mituhu. Sang Guru Sejati paring sabda makaten: “Sumurupa mituhu iku bisa nekakake ing watak temen, katemenenan anarik marang thukuling panarima, watak narima anuwuhake watak sabar, lan watak sabar nuntun marang rila, yen wus tumeka ing sampurnaning rila, lagi bisa tumeka ing tataran budi luhur.” (Sasangka Jati, Bab Dalan Rahayu, 2005:114). Watak temen dados dasar watak sanesipun. Pramila Sang Guru Sejati paring sabda makaten: “Dene anggonira ora duwe watak rila amarga ora sabar, anggonira ora sabar amarga ora narima, anane ora narima amarga ora duwe watak temen. Kepriye anggonira anderbeni budi luhur manawa sira ora temen.” (Sabda Khusus Pengetan Angka 10, butir 12, 2013:51). Manawi manungsa sampun dumugi ing tataran budi luhur punika sayektos raos ayem tentrem saged kasalira. Sagedipun dumugi ing tataran budi luhur manawi kita inggih temen-temen (boten lelamisan, boten sakepenakipun piyambak) nyiswa dhumateng Sang Guru Sejati, kanthi sarat boten nglanggar Paliwara, inggih lumampah ing Dalan Rahayu, saha ngrasuk busana Hastha Sila.
           Sang Guru Sejati paring sabda ing Sabda Khusus Pengetan Angka Sepindah, butir 8, 9, saha 10, makaten: “Siswa-siswaning-Sun kang padha pracaya lan bekti marang Ingsun bakal padha nampani nugrahaning Pangeran. Buwangen rasa was-was lan sumelanging ati, amarga pangrasa mangkono mau angaling-alingi piandelira marang Pangeran lan Ingsun. Yen piandelira iku tipis utawa ilang, ateges sira ngedohi Pangeran lan Ingsun, sanadyan Pangeran lan Ingsun tetep nunggal kalawan sira. Dene kanugrahan mau ora awujud rajabrana, ananging katentreman langgeng kang sumimpen ing sanubarinira. Wruhanira, rajabrana utawa kasugihan kang awujud bandha (kadonyan) iku bakal agawe petenging batinira kang bakal angedohake sira saka Ingsun lan ora bakal bisa nampani ilining sih saka Pangeran kang awujud pepadhang utawa dalan kang anjog ing katentreman langgeng.” (Sabda Khusus, 2013: 3—4). Dados, katentreman langgeng punika minangka sih kanugrahanipun Sang Guru Sejati dhateng para siswa awit saking bekti saha pracaya dhumateng Panjenenganipun.








5. Panggayuh Kabahagiaan
            Punapa ingkang dipunsebat begja utawi bahagia? Sampun kalumrah ing padintenipun bilih ingkang dipunwastani begja utawi bahagia punika manawi kepenak lelampahan gesangipun (enak lelakon uripe). Dene ingkang dipunsebat cilaka (sial) punika manawi sengsara utawi nandhang papa cintraka lelampahan gesangipun. Manungsa ingkang kadunungan gesang begja utawi bahagia punika saged ngraosaken suka parisuka, gumbira ing manah, kathah mas picis raja brananipun, sugih ngelmu, sugih kapinteran, putrine ayu-ayu, kakunge gagah-gagah, putra wayahe mentas kabeh, sukses gesangipun, badan wadag saras, ugi kadunungan pangkat, derajat, gelar, saha panguwaos inggil. Punika nembe kawastanan kabegjan utawi kabahagiaan kuwadagan ingkang kawawas saking “masalah sosial-ekonomis”. Kabahagiaan ingkang sipatipun kuwadagan, namung kawawas saking “masalah sosial-ekonomis” punika inggih namung sawetawis kemawon, dereng saged kasebat kabahagiaan sejati utawi kamulyan langgeng, ingkang dados gegayuhanipun Sasanti kalawau. Kabahagiaan kuwadagan punika inggih namung dados salah satunggalipun prasarat gesang layak (pantes). Kabahagiaanipun kuwadagan punika taksih kenging owah gingsiring lelampahan, inggih cakra manggilinganipun mangsa.   
Kabahagiaan miturut ajaran Sang Guru Sejati punika boten namung kaukur saking kathahipun numpuk mas picis raja brana, pangkat, derajat, gelar, saha panguwaos inggil, utawi namung kaukur saking “masalah sosial-ekonomis”, nanging ugi inggih kawawas saking kajiwaan utawi “masalah psikologis”. Amargi satuhunipun kabahagiaan punika boten dumunung wonten ing kuwadagan utawi jasmaniahipun manungsa, nanging wonten ing salebetipun batos utawi wonten ing ati sanubarinipun manungsa. Dados, kabahagiaan punika mengku teges saha suraos bab kahananipun batos ingkang sarwa nengsemaken saha tata tentrem, mardika saking sadaya panandhang kasangsaran, boten kenging kombak-kombolipun kahanan.
Awit kabahagiaan punika dados “masalah psikologis” utawi kajiwaan, saha dumunung ing salebetipun batos, inggih wonten ing ati sanubarinipun manungsa piyambak-piyambak, pramila kita kedhah saged nyelak dhumateng pepadanipun Sang Guru Sejati. Inggih panjenenganipun Sang Guru Sejati punika minangka sumber kawicaksanan, katentreman, kahabagiaan, saha kamulyan. Bab punika kaaturaken dening Sedherek Jatmika ing Taman Kamulyan Langgeng (2001:39) makaten: “Ing saben wektu kang nuju longgar, bebasan ing saben dhetik, nindakna Pangesthi Nomer 1, lan sabanjure rasa pangrasamu isenana rasa nyedhak marang Sang Sasangka Jati, iya Sang Guru Sejati. Yen rasa nyedhak marang Sang Pepadhang mau wus tumanem utawa gumarit ing batinmu, kowe bakal kasorotan kawicaksananing Sang Guru Sejati, satemah kowe dadi siswa kang mursid. Mengertia Jeng, manawa rahsa jati iku sumbering kawicaksanan, katentreman, kabahagiaan, lan kamulyan. Rahsa jati iku gapura Taman Kamulyan Langgeng.” Dados, jelasipun inggih, bilih sumber kawicaksanan, katentreman, kabahagiaan, saha kamulyan langgeng punika wonten ing Rahsa Jati, inggih Sang Sasangka Jati, inggih Sang Guru Sejati, saha inggih Sang Pepadhang.
Pratelanipun Sadherek Jatmika punika salaras kaliyan Sabdanipun Sang Guru Sejati ingkang sampun kacandi ing pustaka suci Sasangka Jati (2005:157), Sangkan Paran, Bab Begja Cilakaning Lelakon, makaten: “Samengko Ingsun arsa nerangake mungguh sejatine kang ingaran begja. Tumraping jiwanira kang kaanggep begja iku, manawa sira kacedhak kalawan Pangeran utawa Ingsun (Suksma Sejati), tegese bisa nampani pepadhanging Pangeran. Dadi sanadyan kaya apa bae wujude kabegjanira lair, tumraping kauripan donya kene, nanging yen sira adoh kalawan Pangeran, utawa lali marang Pangeran, iku sira sangsara aneng wawasaning jiwanira, amarga sira ora mangerti marang gegayuhaning urip kang sanyata. Kosok baline, sanadyan kaya apa bae wujuding kasangsaran lair, tumraping kauripan donya kene, kayata: nandhang papa lan sapanunggalane, nanging yen sira kacedhak kalawan Pangeran, tumraping jiwanira, sira iku begja-begjaning titah aneng antaraning urip bebrayan ing donya kene.
            Dene punapa ingkang dados tandha-tandha manawi kita sampun celak (cedhak) kaliyan Sang Guru Sejati? Minangka ciri utawi tandha manawi kita sampun celak kaliyan Sang Guru Sejati inggih punika raos tenang saha tentrem ingkang boten saget gampang luntur utawi rekaos icalipun manawi kita wangsul ambyur ing donyanipun karamean. Kang Kelana ngaturaken bab tandha manawi sampun celak kaliyan Sang Suksma Sejati, makaten: “Cirinya bahwa kita telah dekat kepada Sang Suksma Sejati ialah ketenangan dan ketentraman yang tidak luntur dan sukar hilang, apabila kita kembali terjun ke dalam keramaian dunia.” (Ulasan Kang Kelana, 2015:121).
Nalika taksih sugengipun Ibu Marsaid Susilo, tahun 1990-an, kula asring ndherek pendalaman ing dalem panjenenganipun, Jalan Minangkabau, Jakarta Selatan, manawi boten salah catet, panjenenganipun mratelakaken bilih wonten pitu tandha-tandha manawi kita celak kaliyan Sang Guru Sejati, inggih punika.
1)    MAT (Marem, Ayem, Tentrem). Satunggaling kahanan jiwa ingkang saged ngraosaken kamareman, kaayeman, saha katentreman. Kumpulipun raos tiga (marem, ayem, tentrem) punika nuwuhaken raos bahagia. Bapak Pangrasa ing Bawa Raos Salebeting Raos mratelakaken kahananipun siswa ingkang minggah drajatipun, makaten: “Dene kang rinasa mung babaraning ‘laku’, kang anguwoh rasa M-A-T (Marem-Ayem-Tentrem); kumpuling rasa telu iku dadi rasa ‘bahagya’. Kajaba kadunungan rasa mangkono, siswa wis bisa sumingkir saka rasa was-was, samar-samar, giris-miris, uga wis ora ndarbeni watak drengki-srei-meri-medhit-besiwit-nyengit”. (Bawa Raos Ing Salebeting Raos, Bab XXIII, 1998:56—57). [“Adapun yang terasa hanyalah terlaksananya ‘laku’yang membuahkan rasa M-A-T (Marem-Ayem-Tentrem). Berkumpulnya tiga rasa itu menjadi rasa ‘bahagia’. Selain mempunyai rasa demikian, ia sudah bebas dari rasa waswas, khawatir, takut, dan cemas’ juga sudah tidak mempunyai watak dengki, benci, iri, pelit, curang, dan culas.” (Olah Rasa di Dalam Rasa, 2013:53)]. Bab MAT punika dipunpratelakaken makaping-kaping dening Bapak Pangrasa ing Bawa Raos Ing Salebeting Raos makaten: “Salebeting manembah kula kadunungan raos ayem-tentrem-bahagia ingkang dereng nate kula alami” (1998:73), [“Selama manembah, saya merasakan iklim tenang-tenteram-bahagia yang belum pernah saya alami” (2013:70)]; “Tangining Roh Suci nyababake siswa bisa nampa sorot pepadhanging Sang Guru Sejati, kang ndayani siswa banjur kadunungan rasa ayem, tentrem, lan bahagia” (1998:75), [“Bangunnya Roh Suci menyebabkan siswa dapat menerima sinar pepadang Sang Guru Sejati, sehingga siswa kemudian mempunyai rasa tenang, tenteram, dan bahagia” (2013:71)]; “Gumarujuging toya andayani raos seger-marem-ayem-tentrem” (1998:80), [Siraman air menimbulkan rasa segar, puas, tenang, dan tenteram (2013:76)]; “Wekdal kita taksih gesang ing alam kuwadhagan (donya) punika, kita tansah kaayoman saha nampi tuntunan lumampah ing margi leres, inggih margi utami ingkang anjog ing karahayon, katentreman, kamulyan langgeng. Kita badhe nampi sorot pepadhang Sang Guru Sejati ingkang ndayani tuwuh raos ayem-tentrem-bahagia ingkang langgeng, ingkang saget nyingkiraken raos was-was, samar-samar, giris-miris, bingah, tuwin susah.” (1998:106), [Pada waktu kita masih hidup di alam kewadakan (dunia) ini, kita selalu dilindungi dan mendapat tuntunan berjalan di jalan benar, yakni jalan utama yang berakhir dalam kesejahteraan, ketentreman, dan kemuliaan abadi. Kita akan mendapat sinar pepadang Sang Guru Sejati yang berdaya menumbuhkan rasa tenang-tentram-bahagia yang abadi, yang dapat menyingkirkan rasa waswas, khawatir, takut, cemas, senang, dan susah (2013:100)]; “sih pepadhangipun Sang Guru Sejati rumesep ing jiwa raga kula, ingkang kuwasa mbirat warna-warnaning panandhang batin, ingkang suwaunipun ‘nusuh’ ing batos kula, inggih punika raos ajrih, was-was, samar-samar, giris-miris, sangga-runggi, meri, cuwa-gela, tuwin sapanunggil­anipun, sapunika santun raos marem-ayem-tentrem, madhep, manteb, tetep, heneng-hening, eling” (1998:118), [sih pepadang Sang Guru Sejati yang meresap dalam jiwa raga saya dapat melenyapkan aneka warna penderitaan batin yang sebelumnya ‘bersarang’ dalam hati saya, yaitu rasa takut, waswas, khawatir, giris miris, syak wasangka, iri, kecewa, dan sebagainya, kini berganti menjadi rasa puas-tenang-tenteram, teguh, mantap, heneng-hening-sadar (2013:112).
2)    Kathahipun panyuwunan ingkang dipunkaparengaken (Banyak permohononan yang dikabulkan), punika dados pratandha manawi Sang Guru Sejati welas asih dhateng para siswanipun. Sabda Khusus Peringatan Nomor 24 butir 2 (2014:118): “Sayekti Allah Mahamurah lan Mahaasih, nanging aja lali Allah iku Mahaadil. Nadyan sira sakabehe bisa nampani sih nugrahaning Allah, nanging sira uga bisa nampani pengadilaning Allah.” [Sesungguhnya Allah Mahamurah dan Mahakasih, tetapi jangan lupa, Allah itu Mahaadil. Sungguhpun engkau dapat mene­rima sih anugerah Allah, engkau juga dapat menerima keadilan Allah.”]. Punika ugi tandha sayekti manawi ‘dispensasi’ dereng kacabut. Aturipun Prabawa ing Bawa Raos ing Salabeting Raos (1998:119) makaten: “Angengeti kawontenan kula ingkang taksih kados makaten wau, ing sapunika kula saged nekseni saha ngiyataken kayakinanipun Pak Mantri, bilih wekdal sapunika, nedheng-nedhengipun Sang Sitaresmi mencaraken sunaripun mratani ing bawana, Sang Guru Sejati paring ‘dispensasi’ dhateng para calon siswa. Kula rumaos begja kemayangan dene ‘dispensasi’ wau dereng kacabut lan saged kula pigunakaken.” Salajengipun, Bapak Pangrasa ing Bawa Raos ing Salabeting Raos (1998:142) paring andharan: “Kowe kudu mangerti manawa pangesthi angka 1 tumeka angka 4, lan liya-liyane iku dudu donga, rapal, japa mantra, uga dudu gunadhesti, kang jarene isi daya panguwasa, kleru yen mangkono panganggepmu. Lan uga aja dianggep mung kaya dene ‘formulir’ panyuwunan. Mangertia, pangesthi kang dakwenehake marang kowe kabeh iku peparingane Sang Guru Sejati, minangka ‘tali panggandheng’ antarane kawula-Gusti, siswa marang Sang Guru Sejati. Mula yen anggone nindakake pangesthi bisa rumesep nembus ing rahsa jati, iya ing telenging ati sanubari, pangesthi mau banjur dadi ‘wadhah’ kang nadhahi tumetesing ‘banyu suci’, yaiku sihing Sang Guru Sejati. Dene kababaring sih iku jembar banget tebane. Nanging, pangesthi kang mung diucapake ing batin apa ing lesan, ora dhinasaran pracaya lan sucining pangesthi, iya tetep dadi tembung-tembung kang diapalake, tegese ora ndarbeni daya apa-apa tumrap kang nindakake pangesthi kaya mangkono iku.” [“Engkau harus mengerti bahwa Pangesti I sampai IV dan lain-lainnya itu bukan doa, rapal, mantra, juga bukan guna-guna, yang konon berisi daya kekuasaan, salah kalau begitu anggapanmu. Lagi pula, jangan hanya dianggap seperti formulir permohonan. Mengertilah, pangesti-pangesti yang kuberikan kepada engkau sekalian itu pemberian Sang Guru sejati sebagai tali penghubung antara hamba dan Tuhan, siswa dan Sang Guru Sejati. Maka, jika pangesti dilaksanakan hingga meresap dan menembus ke rahsa jati ialah pusat hati sanubari, pangesti itu lalu menjadi wadah yang menampung menetesnya air suci, yaitu sih Sang Guru Sejati. Adapun terbabarnya sih itu luas sekali cakupannya. Namun, pangesti yang hanya diucapkan dalam batin atau di bibir, tidak didasari kepercayaan dan kesucian pangesti, akan tetap menjadi kata-kata yang dihapalkan, artinya tidak berdaya apa-apa bagi orang yang mengucapkan pangesti dengan cara seperti itu.” (Olah Rasa di Dalam Rasa, 2013:133—134).
3)    Paring paweweh kabecikan cepet baline (memberi kebaikan cepat kembali, semakin memberi banyak kepada orang lain, kembalinya kepada kita juga banyak). Arsip Sarjana Budi Santosa (2015:21) butir 33: “Kalau transpirasi besar, sih pepadang banyak pula. Kalau si Siswa lebih suka malas daripada lelah, ya inspirasinya juga hanya kedip-kedip saja atau terus tertangguhkan saja. Andaikata sih dari Sang Guru Sejati meningkatkan derajat si Siswa 10 X usahanya, maka siswa yang misalnya 1 meter majunya akan ditarik menjadi 10 meter. Siswa yang majunya 10 meter akan melangkah sampai 10 X 10 meter = 100 meter. Akan tetapi, anugerah tidak tetap sama bagi tiap-tiap usaha. Sih dari Suksma Sejati makin besar bilamana usahanya makin keras. Untuk usaha yang besar misalnya, sihnya tidak tetap 10 X, melainkan 100 X.” Punika inggih taksih wonten gandheng cenengipun kaliyan bab dispensasi. Wontenipun dispensasi punika saged ngrancakaken anggen kita nyiswa dhumateng Sang Guru Sejati, inggih punika ingkang waunipun awrat (abot) sangganipun, lajeng dados entheng; ingkang waunipun rendet, alon, malah macet, lajeng dados lancar, rancak, cepet dumugi ingkang kita tuju. “Pada waktu ini ada dispensasi, yang berarti bahwa keuntungan-keuntungan yang kita peroleh dari menjalankan tugas itu jauh lebih besar daripada banyaknya pengorbanan kita” (Ulasan Kang Kelana, 2015:56).
4)    Kala-kala siswa pinareng ngambil panguwasa, sanadyan bebasan mung saluguting kolang-kaling gedhene (Bawa Raos ing Salabeting Raos, 1998:131). “Kadang-kadang siswa diperkenankan meminjam kekuasaan meskipun ibarat hanya sebesar miang kolang-kaling (Olah Rasa di Dalam Rasa, 2013:123). Sering pula kita diberi pinjaman kekuasaan, buah dari rasa percaya atau iman kita kepada Tuhan. Arsip Sarjana Budi Santosa (2015:29) butir 46: “Percaya membawa kekuasaan”. Sabda Khusus Peringatan Nomor 2 (2014:11) butir 9: “Piandel iku wadhahing panguwasa, utawa wutuhing pracaya iku andarbeni penguawa gaib” [Kepercayaan itu wadah kekuasaan atau utuhnya kepercayaan memiliki kekuasaan gaib].
5)    Kala-kala siswa pinareng nampa soroting kawicaksanan, sanadyan bebasan mung sagebyaring konang (Bawa Raos ing Salabeting Raos, 1998:131).  Seringkali kita diberi pinjaman kebijaksanaan, buah dari sadar kita kepada Tuhan. Arsip Sarjana Budi Santosa (2015:29) butir 46: “Sadar menjelma menjadi kebijaksanaan”. Olah Rasa di Dalam Rasa (2013:123): “Kadang-kadang siswa diperkenankan menerima sinar kebijaksanaan meskipun ibarat hanya sekilap cahaya kunang-kunang”.
6)    Kala-kala siswa pinareng dadi lantaraning karsa, iya karsaning Pangeran kang binabar, kang mahani mulyaning urip lair batin (Bawa Raos ing Salabeting Raos, 1998:131). Kita juga diperkenankan dapat membabarkan karsa Tuhan, buah dari taat melaksanakan perintah. Arsip Sarjana Budi Santosa (2015:29) butir 46: “taat membawa kemauan manusia kepada tingkat Kehendak Suksma Kawekas”. Serat Warisan Langgeng bagian 3, pupuh Mijil, pada 9: Anetepi Dasa Sila yekti/ ntuk nugraheng Manon/ tata tentrem bagya salawase/ sihing Widhi tumedhak umili/ saciptanta dadi/ sakarsa jinurung”. Apabila kita dapat melaksanakan Dasa Sila dengan sungguh-sungguh, mendapatkan sih anugerah Tuhan secara teratur, tata tenteram, bahagia selamanya, kasih Tuhan senantiasa melimpah terus mengalir, apa pun yang diangan­kan terlaksana, yang dikehendaki pun diperkenankan atau dikabulkan. Olah Rasa di Dalam Rasa (2013:123): “Kadang-kadang siswa diperkenankan menjadi perantaraan karsa ialah karsa Tuhan yang terbabar, yang mengakibatkan kemuliaan hidup lahir batin”.
7) Sampun boten gadhah pepinginan punapa kemawon. Ingkang dipunraosaken inggih namung gesang rahayu, tentrem, bagya, saha mulya. Punika dados pratandha bilih ingkang marsudi kasuksman sampun dumugi ing kasunyatan sejati, sampun manunggal kaliyan Suksma Sejati saha Suksma Kawekas, sanadyan taksih gesang ing alam donya. Dalam Arsip Sarjana Budi Santosa (2015:28) butir 44 menyatakan bahwa ”Gejala-gejala bahwa kita telah dekat kepada Suksma Sejati ialah lenyapnya keinginan dan kemauan. Adanya hanya menyerah saja, tetapi rasa menyerah ini tidak disertai lumpuh aktivitas. Siswa yang dekat kepada Suksma Sejati tetap aktif. Di sam­ping aktif si siswa menerima dengan ikhlas apa saja yang dijumpai­nya.” Salajengipun, ing butir 101 Sarjana Budi Santosa ngaturaken makaten: “Manusia yang telah bertunggal dengan Suksma Sejati mencapai puncak kebahagiaan hidup” (2015:71). Warisan Langgeng bagian 1, pupuh Dhandanggula, pada 4 saha 5 makaten: “Wruhanira janma kang wus manjing/ wiwaraning Pura Pamudharan/ rasa bagya ing batine/ ayem tentrem budyayu/ Ujwalane pasemon kengis/ sunaring tyas kawuryan/ ngumala ngunguwung/ pangucap weh sreping liyan/ mungkur marang krameyan mung mamalad sih/ sihing Suksma Kawekas.// Dene kang wus malbeng jroning Puri/ Pamudharan ingkang sanyatanya/ sirna rasa-pangrasane/ mati kalawan hidup/ rasa bungah-susah sirnating/ ruwat sagung panandhang/ tatali wus putus/ kang nangsaya batinira/ tarlen saking megat katresnan-nireki/ marang kang para cidra.”


6. Panutup
            Sasanti karahayon peparinganipun Sang Guru Sejati punika tuhu sanyata mengku suraos ingkang luhur sanget. Wosipun ajaran, sasanti punika mratelakaken panggayuh karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan ingkang boten namung tumuju dhateng panjenengan sadaya warganing Paguyuban Ngesthi Tunggal, nanging inggih saged ugi tumuju dhateng karahayonipun dhiri pribadi, karahayoning dhiri pribadi sakukuban, karahayoning kulawarga, karahayoning nusa bangsa inggih negari kita Republik Indonesia, saha tumuju dhateng karahayoning umat, ateges inggih ndherek memayu hayuning bawana. Sanadyan sasanti karahayon punika sampun dipunmangerosi teges saha suraosipun kanthi cetha wela-wela, gamblang, saha genah, manawi boten dipunkantheni lampah ing margi leres, inggih margi utami, inggih boten saged anjog ing karahayon, katentreman, saha kamulyan langgeng. Karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan ingkang jembar sanget tebanipun punika inggih boten saged kasalira dening panjenengan sadaya manawi boten wonten sih, tuntunan, pepadhang, saha pangayomanipun Sang Guru Sejati. Amargi, inggih amung Suksma Kawekas piyambak ingkang kagungan sagung karahayon, punika sampun kaasta dening Suksma Sejati, dene kawula sadaya wonten ing sih, tuntunan, pepadhang, saha pengayomanipun Suksma Sejati. Pramila saking punika, sagedipun kita nampi sih, tuntunan, pepadhang, saha pengayomanipun Suksma Sejati, saratipun inggih amung sami mituhu, pracaya, saha bekti dhumateng Sang Guru Sejati.
            Ngengeti bilih ing alam donya punika kathah tindak dur angkara murka inggih tindak durjana dursila juti, ugi kathah para cidra ingkang damel bilahi (kacilakan, musibah, saha bebaya), pramila minangka panutuping atur kula ing bawa raos punika badhe kula kidungaken “Kidung Suci” warisan Bapak Paranpara Pangestu, R. Soenarto Mertowardojo, ingkang mengku suraos panggayuh karahayon, katentreman, tuwin kabahagiaan, mugia kita sadaya saged ruwat  utawi sumingkir saking sadaya bilahi.  
KIDUNG SUCI
Kidung suci pangruwat bilahi
kang rumeksa slameting bawana
hambuncang reretu kabeh
demi ingkang tindak dur
kang ngrubeda tentreming bumi
lebur dening Sang Sabda
hayu hayu hayu
ingkang rawe-rawe rantas
ingkang malang-malang putung tanpa lari
sirna sagung sangsaya.

Kabuncang ing bayu bajra suci
kang winantu panguwasaning Suksma
Satuhu hayu Sabdane
nadyan maliha diyu
triwikrama amemba warni
wujud raksasa raja
kesektennya punjul
mangkrak krura ngisis jatha
meksa lebur luluh dening pangastuti
Hu Allah luwih kuwasa.
…….

(R. Soenarto Mertowardojo, 1949)

Menyang pasar enake tuku lepet kupat
Njaluk imbuh diwenehi sambel kemangi
Manawi wonten atur kula ingkang lepat
Nyuwun gunging samudra pangaksami

Nuwun.

Satuhu.


2 comments:

  1. Sangat bermanfaat konten blognya Pak, salut saya ... Semoga Bapak selalu diberikan kesehatan

    ReplyDelete
  2. Terima kasih yang tulus atas perhatiannya.

    ReplyDelete

Pertemuan 15 Teori Sastra Tempatan