GEGARANE WONG AKRAMI
Tembung “gegarane” iku asale saka tembung “garan”, tegese ‘kayu kang dianggo cekelan’, umpamane ‘garan pacul’, ‘garan arit’, utawa ‘garan peso’. Sabanjure, tembung “garan” iku mau dadi tembung andhahan dwipurwa (reduplikasi) “gegaran“ lan oleh panambang “-e” dadi “gegarane”, kang anduweni teges ‘sarana’ utawa ‘piranti kang dianggo gondhelan’. Dadi, tembung “gegarane wong akrami” iku tegese ‘kang minangka cekel-cekelane anggone mbangun bale-omah utawa salaki-rabi supaya bale omahe tata tentrem kerta tur raharja sak lawase.
Apa ta kang dianggo cekelan minangka sarana mbangun bale-wisma iku? Ora ana liya amung ati pawitane, dudu rupa, lan apa maneh bandha. Awit ati kang becik bisa anggawa bebrayan bale omah tumeka urip mulya sak lawase, ora gawe sangsara sajrone mbangun omah-omah. Sajroning mbangun omah-omah kang dadi jalarane padudon, pasulayan, cecongkrahan, ora ana maneh kajaba bab bandha utawa kacanthol gebyaring wentis kuning, iya bab rupa.
Gegarane wong akrami, salaki-rabi, jejodhoan, utawa omah-omah mono wus katerangake kanthi cetha kaya kasebut ing tembang asmaradana mangkene:
Gegarane wong akrami
dudu bandha dudu rupa
amung ati pawitane
luput pisan kena pisan
yen gampang luwih gampang
yen angel angel kalangkung
tan kena tinumbas arta.
Tembang asmaradana ing dhuwur kerep minangka ular-ular temanten kang isine maweh tuntunan marang temanten anyar bab mbangun bale-omah kang sakinah. Ora jeneng aneh manawa tembang asmaradana iku dadi kaloka ing saindengi nuswantara Jawa. Yen sinawang satleraman, surasane tembang asmaradana iku gampang dilakoni, ora angel. Nanging, sejati tembang iku maweh tuntunan kang luwih jero bab mbangun bale-omah supaya tetep lestari nganthi kaken-ninen.
Kasunyatan kang Ana
Miturut kasunyatane dhawuhe Pakde Narto ing buku Perkawinan Bahagia, yaiku kang lumrahe dadi daya tarike para wanita utawa priya banjur omah-omah iku ana limang prakara kaya mangkene:
(1) rupa kang narik kawigaten, yen milih priya mesti sing gagah prakosa, bagus pideksa, gantheng, sembada; dene yen milih wanita iku sing sulistya ing warna, ayu edi peni tur merak ati, kinyis-kinyis, kaya widodari ngejawantah ing bumi,
(2) bandha donyo, sugih raja-brana, omahe gedhong magrong-magrong,
(3) kawasisan, kapinteran, syukur kang wis dadi sarjana,
(4) pangkat, drajad, kadudukane ing masyarakat, kayata dadi lurah, camat, bupati, direktur, dirjen, lan liya-liyane kang duwe panguwasa, lan
(5) bebudhen kang luhur, watak utama, ati kang becik, budhi luhur utawa berbudhi bawa laksana.
Mestine sing dadi pilihan salaras karo tembang asmaradana ing dhuwur, yaiku angka lima, bebudhen kang luhur, manungsa kang anduweni watak utama, solah-bawane nyenengake lan bisa gawe tentreme ati. Iya amung bebudhen kang becik iku kang bisa ngajak lumaku ing dalan bener tumuju ing pulo kabahagian. Syukur yen kang dipilih iku anduweni watak limang prakara kasebut, iya bandha, iya rupa, iya wasis, iya pangkat, lan iya bebudhen kang luhur. Nanging, kang akeh-akeh iku padha milih angka siji utawa loro. Sabanjure, akeh wong kang omah-omah dadi kuciwa, getun kedhuwung, kliru pilihane. Sayang, kuciwa utawa roso getun iku tansah telat tekane, tibane ing tembe mburi. Walah dalah banjur tangise nguru-ara.
Wajibe Wong Jejodhoan
Pakde Narto ing buku Perkawinan Bahagia dhawuh ngandika manawa wajibe wong jejodhoan iku tansah rukun. Jalaran karukunan bakal tetep gawe kasantosan. Dene yen crah, cecongkrahan, bakal gawe bubrahe bale-omah. Yen wong jejodhoan iku wus kaiket sarana taline katresnan, ing tembe ora bakal gampang rusak dening sarupaning sabab kang maneka-warna. Ing kene kena tinembungake sarana saloka: “katresnan kang ora bisa luntur dening tibane udan lan ora bisa gapuk dening panase srengege”. Katresnan iku bisa urip subur ing palemahan apa bae sauger lelorone padha dene ngerti wajibe wong omah-omah.
Kasumurupana manawa sakabehing manungsa iku, gedhe-cilik, tuwa-anom, sajrone urip ana ing alam donyo iki mesthi kadunungan rasa kasenengan lan kasusahan. Yen pinuju lagi nampa kabungahan, oleh kanugrahan, oleh kamulyan, adhakane manungsa iku banjur seneng-seneng, gemuyu latah-latah atine. Nanging, suwalike yen pinuju oleh pacoban, godha-rencana, kayata lara, kesrakat, kasripahan, lan liya-liyane, adhakane manungsa iku banjur susah, sambate nguru-ara, isine amung nguthuh, tangise ora leren-leren nganti eluhe mbanyu mili kaya segara anakan. Samono ugo ing sajroning jejodhoan, iya ora luput saka kabungahan lan kasusahan kang tekane gilir gumanti, kaya iline banyu kali menyang segara parane lan sumribiting angin wengi.
Mahanani bab kang kaya mangkono iku, mula bungah susah, mulya papa, kudu padha ditampa bebarengan kanthi sabar lan rilane ati. Rasa panarima ing pandum kudu wus gumarit sajrone ati, abot entheng kudu dilakoni bebarengan. Karukunan kang sajati kanthi adhedhasar sih katresnan kang suci murni, bisa gawe swasana katentreman ing sajrone bale omah, satemah andayani rumeseping panggulawenthah kang prayoga tumrap para putra lan putri apa dene sanak kadhang kulawarga sakabehe.
Kosokbaline, pasulayan lan cecongkrahan bisa nggempalake katresnan, kang banjur gawe petenge swasana, satemah andayani cabaring pendhidhikane para putra lan putri apa dene sanak kadhang kulawarga sakabehe. Tundhone sakabehe gegayuhan bakal sirna, mleset saka angen-angene, bebasane: matang tuna, numbak luput, kabenthus-benthus lakune. Grubyakan ngalor-ngidul ora kepeneran anggone lumaku. Mula kang kaya mangkono iku sabisa-bisa kudu disingkiri. Tumindhak kang kaya mangkono ora becik, dudu wajibe wong jejodhoan.
Kuwajibane Wanita
Wruhanira, manwa sawijine priya iku bakal rumangsa begja uripe manawa bisa mengku garwa sawijine wanita kang becik bebudhene, yaiku tansah setya tuhu lan bekti marang kakunge. Anggone setya tuhu lan bekti marang kakunge iku ora ngemungake yen lagi pinuju kasinungan kamulyan lan kasenengan bae. Sanadyan ing sajrone nandhang papa cintraka lan sengsara pisan, wanita tetap setya tuhu lan bekti marang guru lakine, ora owah gingsir babar pisan. Ing jaman semengko rasa setya tuhu lan bekti marang kakunge iku kena disalokaake kaya dene adege pondasi betonan dalan tol layang ing Jakarta kae. Ora bakal ambruk yen katabrak pesawat mabur kaya gedhung WTC ing Amerika. Ora rubuh yen kena lindu daharu kaya ing Jepang, ora ambruk yen kena gelombang tsunami, utawa ora obah yen katrajang banjir gedhe kaya ing jamane Nabi Nuh kae lho. Rasa setya tuhu lan bekti marang kakung mono sing tetep kukuh, madeg, manteb, lan jejeg mung mindheng sawiji marang kakunge.
Wanita kang ambeg utama, becik bebudhene, iku yen bisa nelukake kakunge ora sarana “kekerasan“ nanging sarana bekti lan pangastuti ing hyang Widhi. Tembung “nelukake” ing kene ora tegus ngalahake, kang nduweni karep njajah, nanging ategese bisa gawe mbangunturute kakunge tumrap rembug utawa kekarepane kang tumuju marang kabecikan lan panggawe kang bener. Sarana mangkono iku tetep ana saluran komunikasi antarane wong loro ing sajrone mbangun omah-omah kang harmonis lan bahagia.
Sarana pratikele kang pratitis, wanita utama bisa ngenthengake kasusahan lan majarake pepeteng kang lagi sinandhang dening kakunge. Wanita bisa gawe padhange bebrayan bale omah manawa tansah bisa nuju prana. Ora kaya lekase wanita kang tuna ing budi, yen kakunge lagi kataman ing pepeteng utawa kasedihan, ora dilelipur, malah-malah dipaido lan disalah-salahake. Mula kang kaya mangkono iku kudu disetitikake dening para kaum wanita utama kareben bisa dadi tuladhane bebrayan masyarakat agung.
Dene tumrap kakunge, wanita kang utama iku ora mung ngemungake bisa tumindhak dadi garwa, nanging ugo bisa dadi mitra-darma, kadhang sinarahwadi, lan dadi bapa-biyunge tumrap kakunge. Suwalike, wanita kang cupet ing budi, cekak nalare, rupak budine, yen pinuju pasulayan karo kakunge banjur lunga tanpa pepoyah, ninggalake omah, purik, terus bali marang wong atuwane. Ana ing paran gelem nyatur alane lan mbukak wewadine kakunge karo wong liya apa dene sanak kadhange. Wanita kang kaya mangkono iku mretandani nelakake asoring bebudhene, kasare tumindhak, lan ora bisa dadi patuladhan kang becik.
Kanggone wanita butaarepan (cemburon) marang kakunge iku lumrah lan iya wus samestine. Mangkono mau yen anggone butaarepan iku kasurung dening pangeman kang tuwuh saka rasa katresnan tumrap marang garwane. Ewa dene yen kebangeten anggone butaarepan iku ora prayoga. Amarga bisa ngrusakake katentremane bale omah, lan adakane banjur nuwuhake rasa ora pracaya-pinracaya, malah-malah bisa ngrusakake ati lan pikiran, umpamane saya gawe rasa panalangsane ati, nggrantas, lan liya-liyane. Dadi mumet, poyang-payingan ngono kae lho.
Musthikaning Wanita
Sanadyan ana omah, ora megawe menyang kantoran, wanita iku wajib lan prayoga ngadi sarira, mematut dhiri, tumuju tumrap kakunge. Aja banjur kok geleme ngadi sarira lan ngadi busana mung yen arep menyang papan pasamuan bae, kang tegese kanggo wong liya. Kaya mangkono iku ora prayoga. Nanging, aja keliru tampa. Ngadi sarira lan ngadi busana ana omah ora perlu menganggo busana kang sarwa anyar, sandangan kang apik-apik lan larang-larang regane weton njaba nagara, impor saka Paris, apa dene menganggo rerenggan kang sarwa gumebyar, kayata emas, mutiara, berlian, utawa inten. Menganggo kang sarwa edi peni iku ora kaya mangkono. Iku dudu kang dikarepake ngadi sarira lan ngadi busana ana ing omah tumrape kakunge. Cukup sarana resiking sarira, badan wadag lan pikiran sehat, rikma karumat lan pinata kang prayoga, sandangan kang sarwa resik, ngresepake, pamasange tumata; prasaja nanging tetap pantes.
Sarana memantes sarira, wanita banjur anduweni daya tarik tumrap kawigatene kakunge. Anane daya tarik kang kaya mangkono iku, kakunge banjur tansah rumangsa jenak lan krasan ana omah, kang dadi wewengkone. Ora perlu andhadhak jajan ana ing njaba omah yen ana ngomah wus pepak lan sarwa cumawis kabutuhane. Pamrayogaku wong lanang mono aja tansah digegubel lan dibanjiri pamothah sarta panjaluk kang maneka warna. Piwelingku, tumindhaka kang pratitis, bisa tansah nuju prana kanthi angon mangsa lan kahanan. Wanita kang lantip bisa nyumurupi marang apa kang dadi kabutuhane kakunge, lan ugo mangerti apa-apa kang ora disenengi dening kakunge. Mangkono iku kena diarani dadi “mustikhaning wanita”.
Mangertenana, wis kalumprah manawa para priya iku anduweni watak ugungan (manja), seneng diela-ela dening garwane. Kena dipesthekake saben priya bakal luwih seneng, luwih rahap yen dhahar dhedhaharan kang diolah dening garwane dhewe. Rumangsa mbedhedheg panggalihe amarga diladeni lan digumateni dening garwane. Saumpama kakunge iku kaanggep Sri Nata, garwa iku minangka warangkane, iya Risang Nindya Mantri kang tanggung jawab ngasta pusaraning praja tumrap karaharjane nagara lan wewengkone. Garwa iku ana ing ngomah dadi sembarang mentri, ngrangkep jabatan, iya mentri pangan lan urusan rumah tangga, mentri kauangan, mentri pendhidhikan, lan liya-liyane.
Sepisan maneh, kuwajibane wanita ing sajrone mbangun bale omah iku sabisa-bisa gawe swasana kang MAT (Marem, Ayem, Tentrem). Wanita kang prigel nyekel bale omah kanthi linambaran bebudhen kang utama iku bisa dadi musthikaning para wanita. Apa maneh yen tansah bekti marang Pangeran Kang Maha Agung, swasana sajroning omah tansah liniputan rasa kabahagian. Ora lali tansah nyenyuwun sih pangayoman lan kekuatan marang Gusti Kang Murbeng Dumadi ing sajroning nandhang prihatin lan ugo ora lali tansah ngunjukake rasa bekti lan syukur ing Pangeran sajrone kanugrahan kamulyan lan kabahagiaan.
Kuwajibane Priya
Saiki banjur kepriye kuwajibane priya ing sajrone jejodhoan? Dene tumrape priya kang wus antuk jodho sawijine wanita utama kang dadi pilihane, sauger carane milih kaya wus katerangake ing nduwur, “wanita garwamu mau banjur reksanen sing ngati-ati kanthi tali katresnan kang sejati”. Ing serat Darmawasita, anggitane para leluhur kang wus kawuri, nyebutake: “Sadurunge kowe antuk jodho, elekna mripatmu sak amba-ambane, nanging sawuse kowe antuk jodho, saiki ganti mripatmu kudu kok eremake sing rapet, sak dipet-dipete”. Tegese, sawise antuk jodho kaum priya aja malang tumoleh maneh, aja ngeling-eling utawa migatekake wanita saliyane garwamu. Kaya katur ing tembang asmaradana ing ngarep: “luput pisan kena pisan”, iya garwamu iku dhewe. Mung sepisan iku bae, ora wola-wali rabi maneh, kagodha dening gebyaring wentis kuning banjur lali marang kuwajibane.
Tumrape kaum priya, karukunan lan katentremane bale omha kudu tetep kajaga, aja nganti ana dredah utawa pasulayan, sanadyan saka sabab kang mung sepele lan remeh-remeh bae. Awit dredah utawa cecongkrahan iku bisa anjalari sudaning rasa katresnan, bisa gawe petenge swasana, lan ugo ngedohake tekane rejeki. Malahan yen dredahe mau sarana migunakake suara kang sero, kasar, lan saru, banjur ana “piring terbang”, bala-pecah kang ora salah melu dadi bubrah, dadi sasarane kanepson, sarta suara pating jlerit kang ora karuh-karuhan, iku mertandani asoring budi, lagi ketaman pepeteng, klebon setan, ngongas siyunge Betara Kala. Saliyane iku, pasulayan kang kaya mangkono iku nuladani ala tumrap para putra lan putrine. Para putra ugo melu ora jenak atine, ora krasan ana omah, metu ngomah gawe polah, malah salah-salah bisa kacanduan narkoba, gawe film “itenas” tiru-tiru wong kang ora genah, lan liya-liyane kang ora lumaku ing dalan bebener, gawe isin kulawarga.
Manawa ana kekarepan utawa panemu kang benceng, rembug kang sulaya, lan suara kang ora kepenak, becik kudu padha dirembug kanthi sarana wicara kang alus, telaten, sabar, lan gemati supaya antuk dalan kompromi. Sarana kompromi iku nuduhake manawa dalan kang tinempuh ora ngrugekake salah sawijine pihak, “win win solusi”. Minangka pangemong lan angenaki atine garwamu, kaum priya kudu gelem ngalah tumrap laku satindhak, tembung sakecap. Ora mbrekunung, ngalap menange dhewe, dupeh nyekel panguwasa, banjur lali marang kuwajibane priya minangka saka gurune kulawarga.
Priya aja tumindhak slingkuh, prayogane blak-blakan bae tumrap samubarang kang ana gegayutane karo harmonising bale omah. Pangrengkuhe kaum priya marang sanak kadang kang saka pihak garwa kudu ora kena beda karo pangrengkuhe marang sanak sedulure dhewe. Atine kaum priya kudu momot lan njejegake marang adil. Aja banjur emban cindhe emban siladan. Sabisa-bisa kaum priya aja pisan-pisan nindhakake bab-bab kang sakira bisa nuwuhake kanepson lan butaarepane garwane. Sing bisa nuju prana.
Gegayutan Bab Wayuh
Pakde Narto dhawuh ngandhika ing buku Perkawinan Bahagia manwa sabisa-bisa kaum priya aja wayuh, rabi luwih saka siji (poligami), luput pisan kena pisan, kaya surasana tembang ing ngarep. Rabi wayuh iku abot sesanggane, lan akeh kang dadi syraat-syarate. Ora jeneng mancahi, apa dene ngowahi, bab pranataning agama Islam kang ana. Pranatane agama Islam iku kabeh becik, amarga iku kabeh mengku kawicaksanan. Manut pranatane agama Islam wong lanang kena duwe bojo luwih saka sawiji, akeh-akehe nganti papat. Sepisan maneh, mangkono iku manawa wong lanang bisa netepi syarat-syrarate wong wayuh. Pranatan kang mangkono iku ora kena tinampa lamba, nanging panampane kudu nganggo kamursidan (kawicaksanan). Jer sayektine pranatan kaya mangoko iku kanggo ana ing sajroning kahanan darurat, genting, kahanan kang ora normal.
Kahanan kang dak sebut darurat iku contone ing mangsa sakbubare paperangan gedhe, perang donyo apa dene perang kang mung ana ing negarane dhewe. Kahanan kang kaya mangkono iku akeh priya kang gugur dadi bebantene perang, kongsi akeh wanita kang kelangan pangayomane utawa guru lakine. Para wanita iku mau banjur nandhang warna-warnane kasangsaran kang tuwuh saka paprangan mau, cacahe para wanita luwih akeh karo cacahe kaum priya. Iya ing kahanan kang kaya mangkono iku kaum priya oleh kalonggaran rabi luwih saka siji utawa wayuh. Semono iku mau yen priya mau sembada, nyukupi sandang lan pangane, kabutuhane rumah tangga, lan liya-liyane apa kang dadi syarate wayuh. Dene syarat utamane iya tumindhak adil. Nanging, apa iya bisa tumindhak adil kaya kang dituladhani dening Kanjeng Nabi? Mula, anggone tumindhak wayuh iku mau ora mung kasurung saka kordaning hawa nafsu, nanging kasurung saka derenge kamanungsan, yaiku niyat tetulung lan ngeyomi kaslametaning para wanita kang wus kelangan guru lakine. Ngentasake para wanita saka kabeh panandhang.
Dadi, kleru banget manawa pranatan kang jembar kanthi mengku karep kang luhur sarta ngemu kawicaksanan mau banjur disalahpigunakake dening para priya kang ora duwe rasa tanggung jawab, nguja marang hawa nafsu kahewanane. Manungsa kang kaya mangkono iku mung mikir marang kesenengane dhiri pribadi, ilang rasa tanggung jawabe. Priya kang wani nindhake wayuh kang kaya mangkono iku mesti oleh bebendhu saka Gusti Kang Maha Adil. Wujud bebendhu iku arupa pandhang kang maneka-warna kang ora gampang panolake. Tindhak wayuh bisa dadi sumbering pasulayan lan memungsuhan, malah tekan paten-pinatenan barang. Sabab kahanan ing sajroning bale omah dadi peteng ndhedhet lelimengan, kaebekan dening ubaling para angkara murka, para cidra, para padu, lan para cecengilan.
Bibit katresnan kang maune gumolong suci murni ora mung gempal, sakala sirna rubuh kaglandang dening ubaling kanepson, kabrangas dening kobaring ati panas kang makantar-kantar, lan katiyub dening kelara-laraning ati kang ora gampang oleh tamba. Sanadyan priya kang lagi nampa bebendhuning Pangeran iku mau wong kang kasinungan drajat luhur, sugih bandha donya lan bala, umpamane Osama bin Laden, ewa dene rasane atine ora tentrem, diburu-buru dening mungsuhe, dikuyo-kuyo dening wong liya dadi jalaran pasiksaning batin. Iya kahanan kang kaya mangkono iku kena diarani ngrasakake urip ana ing naraka ndonya.
Resep Ces Pleng
Sabanjure Pakde Narto dhawuh ngandhika: Mulane sabisa-bisa kaum priya padha nyingkirana tumindhak kang nalisir saka bebener kang kasebut mau, yaiku nindhakake wayuh kang mung sarana kasurung dening hardaning hawa nafsu khewani. Aja mung ngumbar syahwating saresmi bae sarana wayuh, rabi luwih saka siji. Manungsa mono pancen kasinungan hawa nafsu syahwat, nanging sabisa-bisa diatur kanthi pranatan kang ana, kanthi ambeg susila anoraga, murih anak turune dadi manungsa utama lan uripe mulya, dadi manungsa purusatama. Dene resep kang ces pleng, manjur kanggo ngobati larane kulawarga sakinah kaya mangkene.
1. Manungsa katurunake Gusti Kang Murbeng Jagad ana ing alam donya iku mengku kuwajiban suci. Para priya padha kautus ing Pangeran minangka sarana mbabarake Karsa-ning Pangeran, yaiku minangka lantaran tumurune Roh Suci, jiwaning manungsa kang sejati. Dene para wanita ugo kautus ing Pangeran minangka lantaran nampa sarta anggarba tumurune Roh Suci iku mau. Mula ing sajrone mbangun bale omah kudu dhinasaran kanthi telung prakara, yaiku (1) katresnan kang sejati, (2) niat kang suci murni, lan (3) kasusilan kang ambeg utama.
2. Palakrama kanthi palilahe (idine) wong tuwa (bapak-ibu) utawa waline, banjur kaesahake kanthi nikah dening kang wajib, kawin resmi menyang KUA apa dene Catetan Sipil, resmi miturut agama apa kang dadi kapercayaane lan ugo resmi miturut pranatane negara. Sepisan-pisan aja kawin bawah tangan, kawin siri lan liya-liyane, iku akeh resiko. Sawise nikah resmi kudu tinalenan kanthi “katresnan, kasucian, lan kasusilan” kang sejati.
3. Taline katresnan iku mau kudu dijaga aja nganti surut salawase. Sabisa-bisa katresnan iku mau dirabuk saben dinane kareben urip subur ngrembaka. Dene rabuke ana limang prakara, yaiku (1) mong-kinemong, sing padha angon mangsa, (2) apura-ingapura, aja padha cecongkrahan, (3) ajen-ingajenan, sing padha ngewongake, (4) tansah nuju prana, murih padha gawe suka pirena, lan (5) tansah mengesthi lan mangastuti mring hyang Widhi supaya oleh sih anugrah kang kasinungan rasa MAT (Marem, Ayem, Tentrem),
(Karacik saka buku Perkawinan Bahagia, nasihat perkawinan Pakde Narto dalah Budhe Narto, pernah dimuat dalam majalah berbahasa Jawa, Jaya Baya Nomor 18—21, 30 Desember 2001 dan 6, 13, 20 Januari 2002, halaman 44)
waahhh,... seratan menika saestu nuju prana sanget, ndadosaken tambahing seserepan kula ingkang taksih kirang. ... matur nuwun.
ReplyDeleteInggih nyumanggakaken, kepareng maos seratan menika. Suwun.
ReplyDelete