Wednesday 1 January 2014

KARAHAYONING UMAT


 

KARAHAYONING UMAT

Sumringah padhang jinglang
Sumeblak sorot cahyane terang
Sang Bagaskara abang mbranang
Sasangka sapisan ing angka warsa
Kalih ewu sekawan welas (2014)
Mangga dienggela cancut taliwanda
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Gumrengut makarya makili pakaryan Gusti
Ingkang sampun gumelar ing jagat raya punika.

Dhuh..., Gusti Allah
sesembahan sadaya kawula,
ingkang murba masesa jagat raya,
kawula nyuwun mugi kaparenga,
Paduka matedhakaken sih nugraha
dhumateng sadaya umat Paduka,
inggih mugi enggal kaentasa:
saking pepeteng
dhumateng pepadang sejati,
saking papa cintrakaning bangsa
dhumateng kamulyan utama,
saking jejembering praja
dhumateng kusumaning nagara,
saking margi sasar-susur
dhumateng margi leres,
inggih margi utami,
ingkang anjog ing karahayon,
katentreman, tuwin kamulyan langgeng,
inggih ing ngayunaning Pangeran Sejati,
ing Taman Kamulyan Langgeng.

Satuhu.

Bekasi, 1 Januari 2014

No comments:

Post a Comment

Pertemuan 15 Teori Sastra Tempatan