Sunday 12 October 2014

GEGARANE WONG AKRAMI


GEGARANIPUN AKRAMI
Dening: Puji Santosa

(Karonce mawi basa Jawi Krama saking buku Perkawinan Bahagia seratanipun Bapak R. Soenarto Mertowardojo)

Para sutresna Dwija Wara ingkang tuhu bekti dhumateng Sang Guru Sejati. Ing kalodhangan punika kula badhe atur seratan bab “Gegaranipun Akrami” ingkang karacik saking buku Perkawinan Bahagia seratanipun Bapak Paranpara, R. Soenarto Mertowardoyo, ingkang sampun kababar ing Dwija Wara ugi. Seratan punika namung adhedhasar ngemutaken dhumateng kita sadaya kados pundi sejatosipun mbangun bale wisma ingkang tuhu sae miturut Ajaranaipun Sang Guru Sejati.
Tembung “gegaranipun” punika asal saking tembung “garan”, tegesipun ‘kajeng ingkang dipunangge cepengan’, umpaminipun ‘garan pacul’, ‘garan arit’, utawi ‘garan peso’. Sabanjuripun, tembung “garan” punika wau dados tembung andhahan dwipurwa (reduplikasi) “gegaran“ saha angsal panambang “-ipun” dados “gegaranipun”, ingkang nggadhahi teges ‘sarana’ utawi ‘pirantos ingkang dipunangge cepengan’. Dados, tembung “gegaranipun akrami” punika tegesipun ‘ingkang dados cepeng-cepenganipun anggonipun mbangun bale wisma, jejodhoan, utawi salaki-rabi supados bale wismanipun saget gesang tata tentrem kerta tur raharja sak lami-laminipun.
Menapa ta ingkang dipunangge cepengan minangka sarana mbangun bale-wisma? mBoten wonten sanes kajawi amung “ati pawitanipun”. Inggih amung manah, nala utawi tyas ingkang tuhu budi luhur. Dados, ingkang minangka sarana mbangun bale wisma punika mboten rupi ingkang sulistya ing warni, kawasisan, pangkat, derajat, jabatan, trahing ngaluhur rembesing madu, saha mboten ugi arupi arta, bandha, sarta rajabrana. Awit ati ingkang becik bebudhenipun saget mbeta bebrayan bale wisma dumugi gesang mulya sak lawasipun, mboten damel gesang sangsara utawi nistha papa cintraka sajronipun mbangun bale wisma. Awit ing sajronipun mbangun bebrayan bale wisma punika ingkang dados jalaran padudon, pasulayan, cecongkrahan, mboten wonten malih kajawi udreg-udregan bab bandha, kacanthol gebyaring wentis kuning, saha tuna budi utawi budi asor ingkang mboten nyiswa.
        Gegaranipun tiyang akrami, salaki-rabi, jejodhoan, utawi mbangun bale wisma punika sampun katerangaken kanthi cetha kados kasebat ing tembang asmaradana makaten.
          Gegarane wong akrami,
          dudu bandha dudu rupa,
          amung ati pawitane,
          luput pisan kena pisan,
          yen gampang luwih gampang,
          yen angel angel kalangkung,
          tan kena tinumbas arta.
        Tembang asmaradana ing nginggil asring minangka ular-ular temanten ingkang isinipun maweh tuntunan dhumateng temanten enggal bab mbangun bale wisma ingkang tuhu sakinah warahmatan. mBoten nami aneh manawi tembang asmaradana punika dados kaloka ing saindengipun bumi nuswantara Jawa. Manawi sinawang satleraman, surasanipun tembang asmaradana punika gampang dipunlampahi, mboten angel. Nanging, sejatosipun tembang punika maweh tuntunan ingkang langkung lebet bab mbangun bale wisma supados tetep lestari dumugi kaken-ninen.

Kasunyatan ingkang Wonten
        Miturut kasunyatan dhawuhipun Pakde Narto ing buku Perkawinan Bahagia, inggih punika ingkang kalumrah dados daya tarikipun para wanita utawa priya lajeng jejodhoan, mbangun bale wisma, punika wonten  gangsal prakawis kados makaten:
(1)      rupi ingkang narik kawigatosan, manawi milih priya mesti ingkang gagah prakosa, bagus pideksa, gantheng, sembada, pokoipun sulistya ing warni; dene manawi milih wanita punika inggih ingkang tuhu sulistya ing warni, ayu, edipeni tur merak ati, kinyis-kinyis, saha gandhes luwes kados widodari ngejawantah ing bumi;
(2)    bandha donya, sugih raja-brana, mas picis, tumpakanipun mersi, saha omahipun gedhong magrong-magrong;
(3)       kawasisan, kapinteran, saha syukur-syukur ingkang sampun dados sarjana;
(4)      pangkat, drajad, semat, utawi kadudukanipun ing masyarakat, kadosta dados lurah, camat, bupati, walikota, gubernur, direktur, direktur jendral, menteri, pengusaha sukses, lan sanes-sanesipun ingkang gadhah panguwasa , lan
(5)     bebudhen ingkang luhur, watak utami, ati ingkang becik, budi pakarti luhur utawa berbudi bawa laksana.
        Mestinipun ingkang dados pilihan salaras kaliyan tembang asmaradana ing nginggil, inggih punika angka gangsal, bebudhen ingkang luhur. Manungsa ingkang budi luhur punika anggadahi watak utami wolung prakawis, sampun ngrasuk busana hastha sila, solah bawa ngremenaken lan saget damel tentremipun ati. Inggih amung bebudhen ingkang becik punika ingkang saget ngajak lumampah ing margi utami inggih margi bener ingkang tumuju dhateng pulo kabahagian. Syukur-syukur menawi ingkang dipunpilih punika sujalma ingkang anggadhai watak limang prakawis kasebat, inggih ingkang sugih bandha, inggih rupi ingkang sulistya, inggih ingkang wasis tur sampun sarjana, inggih pangkat derajat semat, saha inggih bebudhen ingkang tuhu luhur. Nanging, ingkang kathah-kathah punika sami milih angka satunggal utawi kalih. Salajengipun, kathah tiyang ingkang jejodhoan dados kuciwa, getun kedhuwung, saha klentu pilihanipun. Sayang, kuciwa utawi raos getun kedhuwung punika tansah telat tekanipun, tibanipun ing tembe wingking. Walah dalah lajeng tangisipun nguru-ara, golung koming

Wajibipun Tiyang Jejodhoan


Pakde Narto ing buku Perkawinan Bahagia dhawuh ngandika manawi wajibipun tiyang jejodhoan punika tansah rukun. Jalaran karukunan punika badhe tetep damel kasantosanipun bale wisma. Dene manawi crah, padudon, utawi cecongkrahan punika badhe damel bubrahipun bale wisma. Manawi tiyang jejodhoan puniku sampun kaiket sarana talinipun katresnan, ing tembe mboten badhe gampang risak dening sarupinipun sabab ingkang maneka-warni. Ing mriki saget tinembungaken sarana saloka: “katresnan ingkang mboten saget luntur dening tibanipun udan lan mboten saget gapuk dening panasipun srengege”. Katresnan makaten punika saget gesang subur ngrembaka ing pasiten menapa kemawon sauger kekalihpun sami dene mangertos wajibipun tiyang jejodhoan.

         Mugi kasumurupana manawi sadaya manungsa punika, ageng alit, tuwa anem, priya wanita, ing sajronipun gesang wonten alam donya punika mesthi kadunungan raos kasenengan lan kasisahan. Manawi nembe pinuju nampi kabungahan, angsal kanugrahan utawi nampi kamulyan arupi ganjaran raja brana, adhakanipun manungsa punika lajeng seneng-seneng, suka parisuka, gumuyu latah-latah, saha raos mongkog manahipun. Nanging, suwalikipun manawi nembe pinuju angsal pacoban, godha rencana, kadosta lara wuyung, nandhang raga, kasrakat, kasripahan, papa sangsara, lan sanes-sanesipun, adhakanipun manungsa punika lajeng sisah, nggresah, sambatipun nguru-ara, isinipun amung nguthuh, tangisipun mboten leren-leren ngantos eluhipun mbanyu mili kados seganten anakan. Samanten ugi ing sajronipun jejodhoan, inggih mboten luput saking kabungahan lan kasisahan ingkang dhatengnipun gilir gumanti, kados dene ilinipun toya grojogan sewu lajeng mili terus liwat benawi Solo menyang seganten purugipun, mboten leren-leren inggih kados ugi sumribitipun angin wengi.
        Mahanani bab ingkang kados makaten wau, mila bingah sisah, mulya papa, lan mukti sengsara punika kedhah sami dipuntampi sesarengan kanthi sabar narimah lan rilanipun manah. Raos panarimah ing pandum kedhah sampun gumarit sajronipun manah, awrat entheng kedhah dipunlampahi sesarengan. Karukunan ingkang sajati kanthi adhedhasar sih katresnan ingkang suci murni, saget damel swasana katentreman ing sajronipun mbangun bale wisma, satemah andayani rumeseping panggulawenthah ingkang prayogi tumrap para putra lan putri menapa dene sanak kadhang kulawarga sadayanipun.
        Kosok wangsulipun, pasulayan, padudon, saha cecongkrahan saget nggempalaken katresnan, ingkang lajeng damel petengipun swasana, satemah andayani cabaring pandhidhikipun para putra lan putri menapa dene sanak kadhang kulawarga sadayanipun. Tundhonipun sadaya gegayuhan badhe sirna, muspra, mleset saking angen-angenipun, bebasanipun: matang tuna, numbak luput, saha kabenthus-benthus lampahipun. Grubyakan ngalor-ngidul mboten kapeneran anggenipun lumampah, awit peteng saha lunyu margi ingkang dipunlampahi. Mila ingkang kados maketen punika sasaget-sagetipun kedhah dipunsingkiri. Tumindhak ingkang kados makaten punika mboten becik, senes wajibipun tiyang jejodhoan.

Kuwajibanipun Wanita
        Mugi kinawruhan, manawi sawijinipun priya punika rumaos begja  kemayangan gesangipun manawi saget mengku garwa satunggalipun wanita ingkang becik bebudhenipun, inggih punika wanita ingkang tansah setya tuhu saha ngabekti dhumateng kakungipun. Anggenipun setya tuhu lan ngabekti dhumateng kakungipun wau mboten ngemungaken manawi nembe pinuju kasinungan kamulyan lan kasenengan. Senaosa ing sajronipun nandhang papa cintraka lan sengsara nistha malih, wanita inggih tetap setya tuhu lan ngabekti dhumateng guru lakinipun, mboten owah gingsir babar sepindah. Ing jaman semengke raos setya tuhu lan ngabekti dhumateng kakungipun punika saget dipunsalokaaken kados dene “adegipun pondasi betonan dalan tol layang ing Jakarta”. mBoten badhe ambruk manawi katabrak pesawat mabur kados gedhung WTC ing Amerika, jamanipun Osama bin Laden. mBoten rubuh manawi kenginng lindu daharu kados ing Jepang atawi Aceh ingkang sampun kapengker, inggih mboten ambruk manawi kenging gelombang tsunami, utawi mboten obah mosik manawi katrajang banjir ageng kados ing jamanipun Nabi Nuh makaten. Raos setya tuhu lan bekti wanita dhumateng kakung makaten ingkang tetep kukuh, madeg, manteb, jejeg mung mindheng sawiji dhumateng kakungipun.
        Wanita ingkang ambeg utami, becik bebudhenipun, punika manawi saget nelukaken kakungipun mboten sarana “kekerasan“ nanging sarana bekti lan pangastuti ing Hyang Widhi. Tembung “nelukaken” ing mriki mboten ateges ngasoraken, ingkang nggadhahi pikajeng njajah, nanging tegesipun  saget damel mbangunturutipun kakung tumrap rembag utawi pikajenganipun ingkang tumuju dhumateng kabecikan, kasaenan, saha pandamel ingkang bener. Sarana makaten punika tetep wonten ing “saluran komunikasi” antawisipun tiyang kekalih ing sajronipun mbangun bale wisma ingkang  tuhu harmonis tuwin bahagia.
Sarana pratikelipun ingkang pratitis, wanita utami saget ngenthengaken kasisahan saha majaraken pepeteng ingkang nembe sinandhang dening kakungipun. Wanita saget damel padhangipun bebrayan bale wisma manawi tansah saget nuju prana. mBoten kados lekasipun wanita ingkang tuna ing budi, manawi kakungipun saweg kataman ing pepeteng utawi kasisahan, mboten dipunlelipur, malah-malah dipunpaiben saha dipunsalah-salahaken. Mila ingkang kados makaten wau kedhah dipunsetitikaken dening para kaum wanita utami supados saget dados tepa palupi utawi tuladha bebrayan  mbangun bale wisma ing masyarakat agung.
Dene tumrap kakungipun, wanita ingkang utami punika mboten amung ngemungaken saget tumindhak dados garwa, nanging ugi saget dados mitra-darma, kadhang sinarahwadi, saha dados bapa-biyungipun tumrap kakungipun. Suwalikipun, wanita ingkang cupet ing budi, cekak nalaripun, rupak budinipun, brangasan, manawi pinuju pasulayan kaliyan kakungipun lajeng kesah tanpa pepoyah, ninggalaken griya, purik, mutung, lajeng wangsul dhateng tiyang sepuhipun. Wonten ing paran lajeng purun nyatur alanipun saha mbikak wewadi kakungipun kaliyan tiyang sanes punapa dene sanak kadhangipun. Wanita ingkang kados makaten wau mretandani nelakaken asoring bebudhenipun, kasar tumindhakipun, saha mboten saget dados patuladhan ingkang sae kangge putra-putri tuwin bebrayan agung.
Kanggenipun wanita butaarepan (cemburon) dhumateng kakungipun punika limrah saha inggih sampun samestinipun. Makaten wau manawi anggenipun butaarepan wau kasurung dening pangeman ingkang tuwuh saking raos katresnan tumrap garwanipun. Ewa semanten manawi kabangeten anggenipun butaarepan punika inggih mboten prayogi. Amargi saget ngrusakaken katentremanipun bale wisma, tuwin adakanipun lajeng nuwuhaken raos mboten pracaya-pinracaya, malah-malah saget ugi ngrusakaken manah saha pikiran, nalangsa ing batos, umpaminpun kawontenan wau saya dangu saget dados raos panalangsanipun manah, nggrantas, nguthuh, lan sanes-sanesipun. Dados jalaran mumeting sirah, kodhenging pikiran, kera saliranipun, saha poyang-payingan ngaler ngidul.

Musthikaning Wanita
Senaosa wonten ing griya, mboten medamel wonten ing pakantoran, wanita punika wajib saha prayogi ngadi salira sarta ngadi busana, liripun mematut dhiri ingkang tumuju dhumateng kakungipun. mBoten ateges lajeng kersaipun ngadi salira saha ngadi busana wau amung manawi badhe dhateng papan pasamuan kemawon, ingkang ateges kangge tiyang sanes. Kados makaten wau inggih tamtu mboten prayogi. Nanging, mugi mboten klentu ing panampi, ngadi salira saha ngadi busana wonten ing griya punika inggih mboten perlu mengangge busana ingkang sarwa anyar, gres, sandang pangangge ingkang sae-sae saha awis-awis reginipun wedalan njawi nagari, impor saking Paris utawi Jerman, menapa dene mengangge rerenggan ingkang sarwa gumebyar, kadosta ngagem emas, mutiara, berlian, utawi inten. Mengangge ingkang sarwa edipeni punika mboten kados makaten. Punika wau sanes ingkang dipunpikajengaken ngadi salira saha ngadi busana wonten ing griya tumrap kakungipun. Cekap sarana resikipun salira, badan wadhag sakojur wangi, pikiran sehat, rikma karumat utawi pinata ingkang prayogi, sandangan ingkang sarwa resik, rapi, mboten kumel, ngresepaken pandulu saha manah, pamasangipun tumata saha prasaja, nanging tetap pantes saha narik kawigatosan tumrap sang kakung.
Sarana memantes salira, wanita lajeng angadhahi daya tarik tumrap kawigatosan kakungipun. Wontenipun daya tarik ingkang kados makaten wau, kakungipun lajeng tansah rumaos jenak saha kraos wonten ing griya, ingkang dados wewengkonipun. Sang kakung mboten perlu andhadhak jajan wonten ing njawi griya, awit wonten ing griya sampun pepak sarta sarwa cumawis menapa ingkang dipunbetahaken. Pamrayogi kula tiyang kakung makaten aja tansah dipungegubel saha dipunbanjiri pamothah sarta panyuwun ingkang maneka warni. Mugi sageta tumindhak ingkang pratitis, saget tansah nuju prana kanthi angon mangsa saha kahanan. Wanita ingkang lantip saget nyumurupi dhumateng menapa ingkang dados kabetahanipun sang kakung, saha ugi mangertos menapa-menapa ingkang mboten dipunremeni dening kakungipun. Wanita ingkang makaten wau saget dipunsebat dados “musthikanipun wanita”.
Mugi dipunmangertosi bilih sampun kalimprah manawi para priya punika anggadhahi watak ugungan (manja), remen dipunela-ela dening garwanipun. Saget dipunpesthekaken bilih saben priya punika badhe langkung remen saha langkung rahap manawi dhahar dhedhaharan ingkang dipunolah dening garwanipun piyambak. Rumaos mbedhedheg panggalihipun amargi dipunladosi saha dipungumateni dening garwanipun. Saumpami kakungipun punika kaanggep Sri Nata, garwa punika minangka warangkanipun, inggih Risang Nindya Mantri ingkang tanggel jawab ngasta pusaranipun praja tumrap karaharjanipun nagari saha wewengkonipun. Garwa punika wonten ing griya dados sembarang menteri, ngrangkep jabatan, inggih menteri pangan saha “urusan rumah tangga”, menteri kauangan, menteri pendhidhikan, menteri kasarasan, lan sanes-sanesipun.
Sepindah malih, kuwajibanipun wanita ing salebetipun mbangun bale wisma punika sasaget-saget damel swasana ingkang MAT (Marem, Ayem, Tentrem). Wanita ingkang prigel nyepeng bale wisma kanthi linambaran bebudhen ingkang utami punika saget dados musthikaning para wanita. Menapa malih manawi tansah ngabekti dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, tamtu swasana ing salebetipun griya tansah liniputan raos ayem tentrem saha kabahagian. mBoten kesupen ing saben dintenipun tansah nyenyuwun sih anugerah, tuntunan, pepadhang, pangayoman, saha kekuatan lahir batos dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi manawi pinuju nandhang prihatos, tuwin ugi mboten kesupen tansah ngunjukaken raos bekti sarta syukur ing ngayunanipun Pangeran salebetipun nampi kanugrahan kamulyan lan kabahagiaan.

Kuwajibane Priya

       Sapunika lajeng kados pundhi kuwajibanipun priya ing salebetipun jejodhoan? Dene tumrapipun priya ingkang sampun angsal jodho satunggalipun wanita utami ingkang dados pilihanipun, sauger caranipun milih kados sampun katerangaken ing nginggil, “wanita ingkang dados garwa panjenengan wau lajeng kareksa ingkang ngatos-atos kanthi tangsul katresnan ingkang sejati”. Ing serat Darmawasita, anggitanipun para leluhur ingkang sampun kawuri, nyebataken: “Saderengipun panjenengan pikantuk jodho, elekaken paninggal panjenengan ingkang sak wiyar-wiyaripun, nanging sasampunipun panjenengan pikantuk jodho, sapunika gantos paningal panjenengan kedhah ngeremaken ingkang rapet, sak dipet-dipetipun”. Tegesipun, sasampuipun pikantuk jodho, kaum priya mboten malang tumoleh malih, mboten ngeling-eling utawi migatekaken wanita saliyanipun garwa panjenengan. Kados sampun katur ing tembang asmaradana ing ngajeng: “luput pisan kena pisan”, inggih amung garwa panjenengan pribadi. Inggih amung kaping sepindah punika wau, mboten wola-wali rabi malih, kagodha dening gebyaring wentis kuning kados Begawan Wisrawa ing lampahan wayang “Sastra Jendra Hayuningrat” kacanthol sengsemipun asmara Dewi Sukesi, lajeng kasupen dumatheng kuwajiban suci dados dutanipun nata Prabu Danapati ing nagari Lakapala.
Tumrapipun kaum priya, karukunan saha katentremanipun bale wisma kedhah tetep kajagi, sampun ngantos wonten dredah utawi pasulayan, sanadyan saking sabab ingkang amung sepele saha remeh-remeh kemawon. Awit dredah utawi cecongkrahan punika saget anjalari sudanipun raos katresnan, saget damel petengipun swasana saha ugi ngedohaken dathengipun rejeki. Malahan manawi dredahipun wau sarana migunakaken suwanten ingkang sero, kasar, saha saru, lanjeng wonten “piring terbang”, bala-pecah ingkang mboten lepat tumut dados bubrah, lajeng dados sasaranipun kanepson, sarta suwanten ingkang pating jlerit ingkang mboten karuh-karuhan, punika mertandani manawi asoring budi, inggih tiyang ingkang nembe ketaman pepeteng, klebon setan, ngongas siyungipun Batara Kala saha Batari Durga. Sasanesipun makaten, pasulayan ingkang kados makaten punika nuladhani awon tumrap para putra lan putrinipun. Para putra putri ugi tumut mboten jenak manahipun, mboten kraos wonten ing griya, lajeng medal griya damel polah, malah salah kadadosan saget kacanduan narkoba, damel film “porno” tiru-tiru tiyang sanes ingkang mboten genah, lan sanes-sanesipun ingkang mboten lumampah ing margi bener inggih margi utami ingkang anjog ing karahayon saha katentreman langgeng, lajeng damel wirangipun kulawarga.
Manawi wonten pikajengan utawi pamanggih ingkang benceng, rembag ingkang sulaya saha suwanten ingkang mboten kapenak, becik kedhah sami dipunrembag kanthi sarana wicara ingkang alus, telaten, sabar, saha gemati supados pikantuk margi ”kompromi”. Sarana ”kompromi” punika nedhahaken manawi margi ingkang dipunlampahi mboten ngrugekaken salah satunggalipun pihak, “win win solusi”. Minangka pangemong saha angenaki manahipun garwa panjenengan, kaum priya kedhah purun ngalah tumrap laku satindhak, tembung sakecap. mBoten mbrekunung, ngalap menangipun piyambak, dupeh nyepeng panguwaos, lajeng kasupen dumatheng kuwajibanipun priya minangka saka gurunipun kulawarga.
Priya sampun tumindhak slingkuh, prayoganipun blak-blakan kemawon tumrap samubarang prakawis ingkang wonten gegayutanpun kaliyan harmonisipun bale wisma. Pangrengkuhipun kaum priya dumatheng sanak kadang ingkang saking pihak garwa kedhah mboten kenging benten kaliyan pangrengkuhipun dumatheng sanak saduluripun piyambak. Manahipun kaum priya kedhah momot saha njejegaken dumatheng adil. Sampun lajeng ”emban cindhe emban siladan”. Sasaget-saget kaum priya sampun ngantos nindhakaken bab-bab ingkang sakinten saget nuwuhaken kanepson saha butaarepanipun ingkang garwa. Kedhah sasaget-saget damel ”nuju prana” murih saget damel suka pirananipun garwa.

Gegayutan Bab Wayuh
Pakde Narto dhawuh ngandhika ing buku Perkawinan Bahagia manawi sasaget-saget kaum priya sampun ngantos wayuh, rabi langkung saking sepindhah (poligami), ”luput pisan kena pisan”, kados surasanipun tembang asmaradana ing ngajeng. Rabi wayuh punika awrat sesangganipun saha kathah ingkang dados syarat-syaratipun. mBoten ateges mancahi, menapa dene ngewahi, bab pranatanipun agami Islam ingkang sampun wonten. Pranatanipun agami Islam punika sadaya becik, sae, amargi punika sadaya sami mengku kawicaksanan. Miturut pranatanipun agami Islam, tiyang jaler punika kenging gadhah garwa langkung saking satunggal, kathah-kathahipun ngantos sakawan. Sepindhah malih, makaten punika manawi tiyang kakung saget netepi syarat-syraratipun tiyang wayuh. Pranatan ingkang makaten punika mboten kenging tinampi kanthi lamba, nanging panampinipun kedhah ngangge kamursidan (kawicaksanan). Jer sayektinipun pranatan kados makaten punika kangge kawontenan ing salebetipun kahanan darurat, genting, utawi kahanan ingkang mboten normal.
Kahanan ingkang dipunsebat darurat punika tuladhanipun ing mangsa sakbubaripun paperangan ageng, kadosta perang donya menapa dene perang ingkang amung wonten ing nagarinipun piyambak. Kahanan ingkang kados makaten wau kathah priya ingkang gugur dados bebantenipun perang, kongsi kathah wanita ingkang kecalan pangayomanipun utawi guru lakinipun. Para wanita punika wau lajeng nandhang warna-warninipun kasangsaran ingkang tuwuh saking paprangan kasebat, cacahipun para wanita langkung kathah kaliyan cacahipun kaum priya. Inggih ing kahanan ingkang kados makaten wau kaum priya pikantuk kalonggaran rabi langkung saking satunggal utawi wayuh. Semanten punika wau manawi priya kasebat sembada, nyekapi sandang saha panganipun, kabetahanipun rumah tangga, lan sanes-sanesipun menapa ingkang dados syaratipun wayuh. Dene syarat utaminipun inggih tumindhak adil. Nanging, menapa inggih saget tumindhak adil kados dene ngkang dipuntuladhani dening Kanjeng Nabi? Muli, anggonipun tumindhak wayuh punika wau mboten amung kasurung saking kordanipun hawa nafsu, nanging kasurung saking derengipun kamanungsan, inggih punika niyat tetulung saha ngayomi kaslametanipun para wanita ingkang sampun kecalan guru lakinipun. Ngentasaken para wanita saking sadaya panandhang.
Dados, klentu sanget manawi pranatanipun agami ingkang wiyar kanthi mengku suraos ingkang luhur sarta ngemu kawicaksanan wau lajeng dipunsalahpigunakaken dening para priya ingkang mboten gadhah raos tanggel jawab, nguja dumatheng hawa nafsu kahewanipun. Manungsa ingkang kados makaten punika amung mikir dumatheng karemenanipun dhiri pribadi, ical raos tanggel jawabipun. Priya ingkang wantun nindhakaken wayuh ingkang kados makaten punika mesti pikanthuk bebendhu saking Gusti Ingkang Maha Adil. Wujud bebendhu punika arupi pandhang ingkang maneka-warni, ingkang mboten gampil panolakipun. Upaminipun tindhak wayuh saget dados sumberipun pasulayan saha memengsahan, malah saget ugi ngantos paten-pinatenan sabab petengipun penggalih. Kahanan ing sajronipun bale wisma dados peteng ndhedhet lelimengan, kaebegan dening ubalipun para angkara murka, para cidra, para padu, saha para cecengilan.
        Wiji katresnan ingkang suwaunipun gumolong suci murni mboten amung gempal, ing sakala sirna rubuh kaglandang dening ubalipun kanepson, kabrangas dening kobaring manah panas ingkang makantar-kantar, saha katiyub dening kelara-laranipun penggalih ingkang mboten gampang angsal tamba. Sanadyan priya ingkang saweg nampi bebendhunipun Pangeran punika wau tiyang ingkang kasinungan drajat luhur, sugih bandha donya, mas picis, saha bala mitra kadhang ingkang kathah, ewa semanten raosipun manah mboten tentrem, mboten marem, saha mboten ayem, sabab dipunburu-buru dening mengsahipun, dipunkuyo-kuyo dening tiyang sanes dados jalaran pasiksanipun batos. Inggih kahanan ingkang kados makaten punika saget kawastanan ngraosakan gesang wonten ing narakaipun ndonya.

 Resep Ces Pleng
        Salajengipun Pakde Narto ing buku Perkawinan Bahagia dhawuh ngandhika: Milanipun sasaget-saget kaum priya sami nyingkirana tumindhak ingkang nalisir saking bebener ingkang kasebat wau, inggih punika nindhakaken wayuh ingkang amung sarana kasurung dening hardanipun hawa nafsu khewanipun. Sampun amung ngumbar syahwatipun saresmi kemawon sarana wayuh, rabi langkung kaping sepindhah. Manungsa makaten pancen kasinungan hawa nafsu syahwat, nanging sasaget-saget dipunatur kanthi pranatan ingkang wonten, kanthi ambeg susila anoraga, murih atmaja turunipun saget dados manungsa utami saha gesang mulya, dados manungsa purusatama. Dene resep ingkang ces pleng, manjur kangge jampi sesakitipun kulawarga sakinah waramtan kados makaten.
  1. Manungsa katurunaken Gusti Ingkang Murbeng Jagad wonten ing alam donya punika mengku kuwajiban suci. Para priya sami kautus dening Pangeran minangka sarana mbabaraken Karsaning Pangeran, inggih punika minangka lantaran tumurunipun Roh Suci, inggih jiwanipun manungsa ingkang sajati. Dene para wanita ugi kautus dening Pangeran minangka lantaran nampi sarta anggarba tumurunipun Roh Suci punika wau. Mila ing sajronipun mbangun bale wisma kedhah dhinasaran kanthi telung prakawis, inggih punika (1) katresnan ingkang sajati, (2) niat ingkang suci murni, saha (3) kasusilan ingkang ambeg utami.
  2. Palakrami kanthi palilahipun (idinipun) tiyang sepah (bapak-ibu) utawi walinipun, lajeng kaesahaken kanthi nikah dening ingkang wajib (“nikah resmi wonten KUA menapa dene Catatan Sipil”), resmi miturut agami menapa ingkang dados kapercayaanipun saha ugi resmi miturut pranatanipun negari. Sasampunipun nikah resmi kedhah tinangsulan kanthi “katresnan, kasucian, saha kasusilan” ingkang sajati.
  3. Tangsulipun katresnan punika wau kedhah dipunjagi sampun ngantos surut salawasipun. Sasaget-saget katresnan puniika wau dipunrabuk saben dintenipun supados saget gesang subur ngrembaka. Dene rabukipun wonten limang prakawis, inggih punika (1) mong-kinemong, ingkang sami angon mangsa, (2) apura-ingapura, sampun ngantos cecongkrahan, (3) ajen-ingajenan, ingkang saget ngewongaken, (4) tansah nuju prana murih saget adamel suka pirena ing manah, saha (5) tansah mengesthi sarta mangastuti mring hyang Widhi supados pikanthuk sih anugrahipun Gusti ingkang kasinungan raos MAT (Marem, Ayem, Tentrem). Sumarah pasrah ing Gusti. Sumangga.

Satuhu.
Bekasi, 12 Oktober 2014


No comments:

Post a Comment

Pertemuan 15 Teori Sastra Tempatan